ATI BENGKONG
OLEH ONCONG
Dina
iku, ora dinyana dening Parti dadi dina pungkasane deweke ketemu karo wong
tuwane kang ditresnani. Kacilakan tragis wis nguncalake nyawa bapak lan ibune.
Saiki deweke kang lagi umur 5 tahun kudu
urip dewe. Nanging, ana petani sugih kang nduweni ati becik gelem ngangkat anak. Panjenengane yaiku Pak Paimin,
kanca rakete bapake bocah mau.
Pak
Paimin kagungan putri kang sebaya karo Parti, jenenge Tuminem.Nanging sifate
Tuminem adoh banget karo bapake. Deweke
sombong lan egois. Sikape marang Parti uga ora pantes. Tuminem nduwe panganggep
Pak Paimin luwih tresna marang Parti tinimbang Tuminem sing anak kandunge.
Tuminem ora nate ngakoni sedulur marang Parti. Sanajan Pak Paimin tansah
ngandani Tuminem supaya nduweni sikap kang becik marang Parti.
Telulas tahun wis keliwat, Parti lan
Tuminem saiki isih sekolah ana sawijining SMA favorit ing kutha iku.
Sawijining dina Pak Paimin menehi duit marang Parti
kanggo tuku kabutuhane…
Pak Paimin : “Ti…Parti…reneo
Nduk!“
Parti :
“Inggih,Pak. Wonten napa Pak? “
Pak Paimin :
“Iki ana duwit kanggo tuku kebutuhanmu.“
Parti :
“Inggih, Pak. Matursuwun. “
Pak Paimin :
“Iya,Nduk. Bapak budhal kerja disik ya. “
Parti :
“Inggih,Pak. “
(Sawise Pak Paimin budhal kerja, Tuminem
marani Parti lan langsung ngrebut duwit kang ana ing tangane Parti)
Tuminem :
“Heh! Kowe kui ora pantes nyekel duwit seakehe iki.
Dasar anak pungut. “
Parti :
“Tapi, Tum…“
Tuminem :
“Wes meneng wae kowe“.
( Parti mung meneng lan nangis. Sawetara iku ing ngarep omah, Tuminem nelpon Menik.
Kancane Tuminem… )
Tuminem :
“Halo”
Menik :
“Halo”
Tuminem : “Kowe neng omah pora , Nik? Ayo neng Pasar Baru, aku duwe duit akeh
iki”
Menik : “Duit saka ngendi no? Wingi
pora bar dicadong pakmu wis entek kanggo dolan
karo aku neng bioskop”
Tuminem :
“Iya sih, tapi aku oleh duit saka Parti. Deweke mau oleh duit saka
bapakku.Parani
aku saiki
ya!”
Menik :
“Oke, Bro”
(Ora let suwe…)
Menik :
“Hei, Bro! Ayo budhal”
Tuminem :
“Ayo….!”
Banjur
bocah loro kui mau lunga, lan Parti ijen neng omah. Sawise surub, Tuminem mulih
lan ngajak Menik mampir ing omahe, karo nggawa klambi apik-apik olehe tuku mau.
Tuminem :
“Apik-apik tenan ya klambine?”
Menik :
“Iya, larang pisan”
Tuminem :
“Eh, aku nduweni ide. Sek , enteni kene ya”
(Banjur,
Tuminem menyang gudang njupuk klambi kang wis ora patut dienggo. )
Menik :
“Tum, kanggo apa klambi amoh kaya ngono kui?”
Tuminem :
“Westo, deloken wae!
Ti…Parti…
Reneo!!! ”
Parti :
“Ana apa, Tum?”
Tuminem :
“Kan aku mau tuku klambi, apik tur larang. Karepku tak wenehne siji kanggo
Kowe, tapi
ora enek sing pantes… Pantesmu kie nganggo iki lho…!!!”
Parti :
“Aku nyadar yen aku mung numpang urip neng kene.
Tapi aku isih nduweni perasaan, dadi sampean
rausah ngina aku kaya ngene”
Tuminem :
“Ohh..Saiki kowe wani karo aku?!”
Parti :
“Aku gak pernah wedi karo sampean, Tum”
(Tuminem njengkakake Parti. Banjur
Pak Paimin mlebu omah, mulih kerjo)
Pak Paimin :
“Ya ampun!”
Pak Paimin :
“Menik.. Becike kowe balia ndisik..”
Menik :
“Nggih.. Pak lik.. Tum, aku bali ndisik ya”
Tuminem :
“Iya, Nik”
Pak Paimin :
“Tuminem! Kowe iki piye ta? Kowe isih untung nduweni dulur kaya Parti.
Ora malah
nyayangi,tapi malah kok sia-sia”
Tuminem :
“Tapi, Pak..Parti mung anak pungut!”
Pak Paimin :
“Jaga omonganmu, Nduk!”
Tuminem :
“Bapak jahat! Bapak luwih sayang marang anak pungut iku tinimbang karo aku.
Anak kandungmu dewe!”
Pak Paimin :
“Ti..aja kok lebokne neng ati ya, omongane Tuminem mau”
Parti :
“Hiks..hiks.. Inggih Pak”
Banjur
pada mlebu kamare dewe-dewe. Sawetara iku, ing njero kamar Tuminem rumangsa
mangkel marang Parti lan nduweni rasa dendam.
Tuminem :
“Awasae kowe, anak pungut! Aku bakal males, ntenana tanggal maine!”
Sesuke, menawa bapake isih kerjo,
Tuminem lan Parti wis bali olehe sekolah. Parti langsung nyandak gawean omah,
ning Tuminem ora, deweke malah males-malesan dolanan HP.
Karo dolanan HP
deweke mikir, kepriye olehe bisa mbales Parti.
Tuminem : “Kepriye ya... Aha! Aku nduwe ide“
Tuminem njupuk gunting ing meja belajare. Banjur deweke nggoleki Parti
(Parti lagi
nyapu. Tuminem teko saka mburine banjur Tuminem nyeluk Parti)
Tuminem : “Parti...“
(Tuminem nujep
Parti nganggo gunting sampek Parti nggletak ora sadar. Getihe dleweran ing
wetenge)
Tuminem :
“Heh..tangi.. ditujep ngono wae kok. Rasah akting! Heh..Tangi! Waduh. Kok
iki
bocah gak tangi-tangi ya. Atake....
Wahh..gawat iki. Telfon Menik wae“
Menik : “Halo Tum, ana apa?“
Tuminem : “Reneo, gawat. Parti sekarat“
Menik : “Iya..iya.. kik“
(Menik teko)
Menik : “Loh, iki kena apa kok oyo
ngene?“
Tuminem :
“Aku ora sengojo. Arep tak kerjai, eh malah keblabasen. Ayo sereten iki
menyang mburi omah. Dikubur wae
neng kana. Cepet selak Pakku bali“
(Menik nyeret
mayite Parti menyang mburi omah)
****
Bengine, pak
Paimin bingung kena ngapa kok ora ngeruhi Parti.
Pak Paimin : “Tum.. Parti ana ngendi?“
Tuminem : “Ora weruhlah. Yo embuh nyang ngendi.
Ilang gondol wewe paling. Ra pantes urip bocah
kae ki“
Pak Paimin : “Heh, omonganmu! Ora pareng ngono kui!
Ajining dhiri ana ing lathi. Yen omonganmu
kaya ngono
kui mau ora patut dirungokne. Kaya bocah ora nate sekolah wae.“
Tuminem : “Yo..aku diseneni terus“ (Tuminem
mlengos ngalih)
Wis luwih saka 2x24 jam Parti ora
diweruhi pak Paimin, pak Paimin ancik-ancik pucuke eri. Banjur pak Paimin lapor
polisi. Polisi nyelidiki. Akhire kebukak khasuse Tuminem mateni Parti, lan
Menik ya kenek amarga ngewangi mendem. Tuminem kelacak kepatak, wus ora bisa
mungkir maneh saka kaluputan sing wis kabukten.
Aja pernah niru Tuminem. Lambe
satumang kari samerang. Wis dituturi bola-bali, meksa tetep ora nggugu. Uga
apik kemripik nancang kirik, laire katon apik nanging batine ala. Ojo niru
Menik, dadi onconge Tuminem, Tuminem kang nduweni ati bengkong. Ati bengkong
oleh oncong, tegese wong ala oleh kanca ala, yen nduweni karep ala banjur oleh
dalan sing prayoga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar