KERAJAAN EMIJEL
Rupane sarwo ijo, ijone royo-royo ing kiwa tengene. Bangunane
gedhe dhuwur, katon megah banget. Kerajaan EMIJEL jenenge. Kerajaane endah, edi
peni. Rakyate urip ayem tentrem . Rajane adil, jujur, lan bijaksana. Nanging
ora dinyana, ora dikira, Prabu Supri suda rungon saiki. Nanging ora ana sing
nyadari. Bejane Prabu Supri, garwane yen ngomong banter banget.
BABAK
1
Sore iki, Prabu Supri dikancani garwane mlaku-mlaku ing taman
mburi kerajaan.
Ratu
Meti : “Kang Pri… Iku kembange
apik ya.”
Prabu Supri
: “Aku ora bisa nembang lho, Dik.”
Ratu
Meti : “Kembang, Kang…
Kembang…” (Leh ngomong rada banter)
Prabu
Supri : “Oalah, kembang…”
(Prabu Supri ngepek
kembang, banjur diselipake ing nduwure Ratu Meti. Ora suwe, Patih Tamra & Patih
Linti marani Prabu & Ratu)
Patih
Linti : “Hormat grak…. Tegak grak.”
Prabu
Supri : “Ana apa?”
Patih
Linti : “Lapor Prabu, wonten berita
duka. Prabu Supra kalian Ratu Supra nembe
mawon seda. Prabu kalian Ratu nglayat sakniki
napa enjing-enjing? Niki langite mendung."
Prabu
Supri : “Apa? Mayite adiku mlembung?”
Patih
Tamra : “Lha niki malah sampun gerimis.”
Prabu
Supri : “Apa? Mayite adiku mringis?”
Ratu
Meti : “Adududuhh… Kakang
Supri… Sampean apa wis budheg saiki?”
Prabu
Supri : “Lho Dik? Kok aku mbok arani budheg to?”
Ratu
Meti : “Lho mboso aku sing
omong kok jelas? Hmh.. mbohlah.. Patih, ulangana
laporanmu, leh omong sing banter yo!”
Patih Linti
: “Lapor Prabu, wonten berita duka. Prabu Supra kalian Ratu Supra nembe
mawon seda. Prabu kalian Ratu nglayat sakniki
napa enjing-enjing? Niki langite mendung."
Prabu
Supri : “Healah Le..Le… Adiku kari siji kok yo
mati. Sesok wae nglayate, iki mendung
gek wis gerimis. Sesuk esuk umun-umun, adewe
ndang budhal pokoke. Nek arep nekad saiki mengko kudu nglewati hutan angker
kae.”
Patih
Tamra : “Siap Prabu.”
Patih
Linti : “Hormat grak…. Tegak grak.”
BABAK
2
Patih
Linti : “Hormat grak…. Tegak grak.
Prabu, monggo bidhal nglayat. Kretanipun
sampun siap.”
Prabu
Supri : “Patih, ayo budhal… Kretane ndang
dicepakne.”
(Tibake Prabu ora krungu
apa sing dikandhakne patihe.)
Ratu
Meti : “Sampun siap kretane,
Kakang Pri. “
(Ratu Meti sajak curiga,
kok sisihane ora krungu menawa diajak ngomong karo wong liya. Sawise Prabu
Supri metu saka kamar, Ratu Meti nyeluk Dayang Saput. Dayang Saput yaiku dayang
kang nduweni biyung sing biyen pernah dadi dayang gaweane ngopeni Prabu Supri
nalikane isih enom, nanging biyungne saiki wis seda.)
Ratu
Meti : “Dayang Saput… Coba
mreneo! Cepet!”
Dayang Saput :
“Nggih, Ratu. Wonten punapa?”
Ratu
Meti : “Sak jan jane sing gaene
dilakoni Prabu Supri nalika nom-nomane biyen apa
ta? Kok saiki Prabu Supri kaya-kaya suda rungon
wisan. Padahal umure lagi 50 taun.”
Dayang Saput :
“Biyung kula pernah nyanjangi kula, Prabu Supri rumiyin tresna marang
Earphone. Diagem terus, jarang diuculi.”
Ratu
Meti : “Oalah.. Pantesan kok
suda rungon. Golekna tabib sing iso ngobati kupinge.
Tapi aja sampe ana sing ngerti yen Prabu wis
suda rungon.”
Dayang Saput :
“Siap, Ratu.”
Ratu
Meti : “Yawis ya.. aku arep
nglayat. Masakno sing enak.”
BABAK
3
Dayang Saput :
“Ratu, niki asmanipun Tabib Warna. Niki tabib ahli THT, Ratu.”
(Ratu Meti sajake kaget
banget amarga penampilane serem. Klambine sarwo ireng, wajahe putih, nanging
malah serem amargo katon pucet banget. Banjur Ratu Meti mbisiki Dayang Saput.)
Ratu
Meti : “Masa iki tabib? Kok
wajahe serem yo?”
Dayang Saput :
“Memang ngeteniki Ratu. Tiyange sumeh kok tapi.”
Ratu
Meti : “Tabib, niki Prabu Supri
suda rungan. Njenengan obati nggih.”
(Tabib Warni mung mantuk
pisan tok. Jan serem + misterius)
Dayang Saput :
“Prabu sakniki wonten kamar, monggo Tab.”
(Meneh, Tabib Warni mung
mantuk pisan tok.)
Ratu
Meti : “Iki Kakangku Supri,
Tab. Mumpung lagi sare.”
(Meneh-meneh, Tabib
Warni mung mantuk pisan tok.)
(Tabib Warni banjur
nyedak ing andinge Prabu Supri, banjur tangane loro karo ditemplekne
sisih-sisih, ing tengen siji, ing kiwa siji. Ora let suwe lambene komat-kamit,
sirahe mantuk-mantuk kaya wong lagi disko. )
Ratu
Meti : “Lho? Kok leh nambani
kaya ngono?”
Dayang Saput :
“Nggih ngoten niku, Ratu. Sejatosipun kula riyin nggih budheg kok, hehe…
Banjur biyung kula ngobatne kula. Nggih
mantunipun diobati Tabib Warni niki.”
Ratu
Meti : “Oalah… Tibake…”
Dayang Saput :
“Hehehe… Peace, Ratu”
(Dayang Saput nyengir
isin.)
(Ora let suwe, tabib wis
meneng. Tangane wis diculake. Tandane wis rampung olehe ngobati.)
Ratu
Meti : “Sampun, Tab?”
(Meneh-meneh lan meneh,
Tabib Warni mung mantuk pisan tok.)
Dayang Saput :
“Ratu, niki ogkose ditransfer napa tunai?”
Ratu Meti
: “Walah, tunai lahyau… Isin aku ngko nek mbayare isih mengko-mengko. Nek
transfer dadak ngenteni sesuk dina kliwon, iki
lagi dina pahing gekan.”
Dayang Saput :
“Oh..ngih-ngih, Ratu, leres.”
Ratu
Meti : “Ndang bayaren nek
ngono. Wis tak cepakne neng meja kae.”
(Dayang Saput banjur
njupuk amlop neng nduwur meja, dielungne menyang Tabib Warni.”
Dayang Saput :
“Niki Tabib, matursuwun”
(Meneh-meneh lan
meneh-meneh, Tabib Warni mung mantuk pisan tok.)
Akhire Prabu Supri ora budheg maneh. Kerajaan EMIJEL sansaya tambah jaya. Ratu
Meti, Patih Linti, Patih Tamra, lan Dayang Saput uga tambah seneng atine amarga
ora perlu omong banter-banter yen lagi omong-omongan karo Prabu Supra. Eh,
salah… Prabu Supri maksude, hehehe…

Tidak ada komentar:
Posting Komentar