GETUN
(Karya : Irma
Warhamni Febriana)
Amarga utange wis turut sikut Bu Yayuk lan Pak Edy,ora liya
biyung lan ramane Riko,Fika,lan Irma nekat lunga menyang Surabaya dadi buruh
pabrik.
Yayuk : “Le,Nduk......Rama lan Biyung arep budal disik. Aja nakal kabeh
ya. Menawa ana apa-
apa Biyung lan Rama kabarana”
Irma : ”Inggih Biyung. Biyung kalian Rama
ngatos-atos wonten mrika.”
Edy : ”Iya,nduk. Riko,adhine dijaga kabeh ya”
Riko : ”Inggih Rama.”
Sauwise pamitan, Bu Yayuk lan Pak Edy mangkat menyang
Surabaya.
(Riko,
Fika, lan Irma ngambung tangane Rama lan Biyunge).
Riko kui ing keluarga iki dadi anak mbarep, anak ke-2ne yaiku
Fika, lan anak ke-3ne yaiku Irma. 3 tahun kapungkur, Irma lan Fika ngalami
kecelakaan, akibate Irma wuta. Sifate Riko lan Fika beda adoh karo Irma. Fika
lan Riko sifate ala, menawa Irma becik.
Sakbudale Rama lan Biyunge, Riko lan Fika ora njaga Irma lan
ora nganggep Irma dadi adhine, malahan Irma dianggep dadi babune. Wong 2 iku
ora nduwe ngesakne, wis ngerti adhine wuta nanging kabeh gawean dikon nggarap
adhine. Ora mung ngongkoni nanging yen gaweane ora peneran Irma disiksani.
Ing sawijining dina, esuk-esuk Irma wis ngepel jogan. Padahal
iku wis jam 6 esuk, nanging Fika agek tangi turu. Karo kriyap-kriyap Fika mlaku
metu saka kamar arep menyang njeding, amarga isih rada ngantuk Fika ora ngerti
yen jogane agek bar dipel lan teles, Fika keplese lan tiba.
Fika : “Aduh.....!”
Irma : “Nyapo mbak? Mbak tiba tha? Ayo mbak dak
ewangi ngadek.”
Fika : “Rausah! Ngaliha kana lho!” (Irma
dijengkakake ngasi tiba)
“Kowe sengaja tha agawe aku keplese!”
Irma : “Ora mbak, aku ora ngerti yen mbak arep
liwat kene.’
Fika : “Halah! Padimu ya arep agawe aku keplese
ae kok. Rasah kakehan omong!”
Riko : “Ana apa tha iki? Esuk-esuk kok wis rame
neram, mbrebeki wong turu ae.”
Fika : “Iki lho mas, Irma agawe aku keplese.”
Riko : “Goblok men tha weki!’ (Riko banjur
njeguk Irma)
“Wis ngerti mbake arep liwat kene ora diomongi yen jogane urung garing.”
Irma : “Aku gak ngerti lho mas menawa mbak Fika
arep liwat kene.”
Riko : “Rasah kakehan alasan! Wis, ndang terusna
anggonmu ngepel jogan, mengko yen uwis bar aku lan
mbakyumu tukokna sarapan.”
Irma : “Iya Mas.”
Riko lan Fika ngalih lan Irma nglanjutake anggone ngepel
jogan. Sauwise rampung anggone ngepel jogan, Irma mangkat tuku sarapan kanggo
Mas lan Mbakyune.
Teka tengah ndalan, ing ndalan sing sepi banget Irma dicegat
dening rampok.
Firisqi : “Heh!
Kowe mandeka!’
Irma :
“Sapa kowe? Ana apa ngendek lakuku? Ora usah macem-macem!”
Danang : “Halah! Ora usah kakehan ngomong! Gorene
dompetmu kui!”
Irma :
“Aja......!”
Danang : “Nek cara alus ogak isa, tak kasari kowe
engko!”
Irma :
“Nek kowe tetep ae meksa, aku bakalan mbengok.”
Firisqi : “Ndang, mbengok’a sak banter-bantermu!
Ora bakal ana sing ngerti!”
(Banjur
Danang ngrebut dompete Irma)
Danang : “Endi gorene.....!”
Irma : “Aja......!”
Danang : “Gorene.......!”
Irma : “Rampok........tulung........rampok
........tulung.........”
(Akhire
dompete bisa direbut karo Danang lan Danang njengkakne Irma nganti tiba)
Irma : “Balekna dompetku......!”
Firisqi : “Ngipia kana!”
Danang : “Wis, ayo ndang ngalih!”
Firisqi : “Ayo...”
(Banjur
Danang lan Firisqi ngalih)
Irma : “Ya Allah, kepriye iki? Aku mengko
lak diseneni karo Mas Riko lan Mbak Fika.”
Irma banjur tangi lan mbalik mulih tanpa nggawa sarapan. Ing
njero ati Irma wedi nek diseneni mas lan mbakyune.
Teko omah, sing diwedeni Irma kedadean, Irma diseneni
entek-entekab karo mas lan mbakyune.
Riko
: “Endi sarapane?”
Irma :
“Aku mau ing ndalan dirampok mas, lan dompetku dijaluk”
Fika : “Halah! Kui ki alasan thok mas, tenah
disengaja karepe ben adewe ora sarapan.”
Irma : “Ora mbak! Aku ki ora geroh, aku
tenah dirampok dhek mau ki.”
Riko : “Rasah kakehan alasan!”
Irma : “Tapi mas.......” (Riko ngaplok Irma)
Riko : “Kok sek isa nyauri!”
Fika : “Wis, ben ae Mas, thokna ae. Ayo
adewe menyang warung tuku sega dewe. Irma, kowe sedina iki ora
oleh mangan. Pasaa kowe!
Sangger konangan mangan deloken ae!”
Riko : “Wis, ayo dhek. Nggatekne wong wuta
iku!”
Banjur Riko lan Fika
budal menyang warung.
Awane pas resik-resik ora sengaja Irma nyenggol Hpne Fika sing
ana ing nduwur meja. Hpne Fika banjur ceblok lan rusak.
Irma : “Aduh! Apa iki sing ceblok? (Irma
nggrayahi jogan) Aduh, iki lak Hpne mbak Fika, semoga ae ora
Apa-apa.”
(Ujug-ujug
Fika teka)
Fika : “We ki nyapo neng kono? Lho, nyapo
Hpku kok gawa? Gorene!
Hpne diwenehake Fika.
Banjur diuripne dening Fika, nanging ora kena diurupne.
Fika : “Lho, kok ora kena diurupake ki kok
apakne mau?”
Irma : “Ogak dak apak-apakne mbak, dhek mau ki
kesenggol terus ceblok. Tapi sumpah mbak aku ora
sengaja.”
Fika : “Ngertia tha! HP iki rusak nek
ndandakne mesthi mbayar larang!”
Irma : “Iya mbak, tapi aku tenah ogak
sengaja.” (Irma ngadek)
Fika : “Alah emboh.....!”
(Ujug-ujug
Riko teka)
Riko : “Ana apa maneh iki?”
Fika : “Iki lho mas, Irma ngrusakake
Hpku.”
Riko : “Woo....... Bocah iki, ket mau gawe
perkara wae!”
Irma : “Tapi mas, aku ora sengaja lho.....”
Riko : (Ngaplok Irma) “Kulina, nek
diseneni mesthi njawab!”
Bubar ngaplok Irma banjur Riko ngalih lan Fika ngetutne Riko.
Neng kono kari Irma dewean.
Irma : “Ya Allah, lepat kula niki napa tha?
Urip kula kok ngaten niki? Paringana kesabaran Ya Allah.”
Banjur Irma mlebu kamare.
Wengine, wetenge Irma krasa luwe. Deweke metu saka kamar lan
mlaku arep menyang pawon. Nalika wis tekan pawon Irma grayah-grayah meja makan,
nanging ora ana panganan blas, anane malah bungkus roti sing ora ana isine.
Irma : “Lha,apa iki? Yuh ,wis ora ana
isine,,,” (nyekel bungkus roti)
(ujug-ujug
Riko teko,,,)
Riko
: “Woo,,,kok wani wani men kowe mangan rotiku?”
Irma : “Uduk aku mas iki sing mangan”
Riko : “Halah,,kowe sik iso ngelak? Lha
wong bungkuse ae kok cekel ngono lho!”
Irma : “Aku gak ngerti lho mas,aku rene mau
rotine wis ora ono,kari bungkuse tok,,,”
Fika : “Jane ki ana apa neh tha?”
Riko : “Bocah iki lho dhek,mangan rotiku”
Sabenere sing mangan rotine Riko iku Fika,uduk Irma. Nanging
Fika ora gelem ngakoni lan malah melu melu nyeneni Irma .
Irma : “Tapi uduk aku Mbak,sing mangan “
Riko : “Kok sik iso ngomong ngono!”(Riko
ngaplok Irma)
Fika : “Kowe kui lho wiwit esuk nganti
wengi gawe perkara wae isane. Wis,wengi iki kowe ora oleh turu
neng njero omah,turua ing
emper kana!”
Irma : “tapi mbak,,,”
Riko : “wis,ndang metuo kana!”
Irma : “emoh mas”
Fika : (nyeret Irma metu saka omah lan pas teko lawang ngarep
Fika njengkakake Irma nganti tiba)
“Wis turua kono ae kowe! Rasah mlebu
omah sak durunge srengengene njedul!”
Irma mung bisa meneng
wae lan ngelus dada ne. Fika lan Riko iku tanah manungso kang ora due ati,wong
2 kui ngakon adhine dewe turu ing emper omah tanpa diwenehi jaket utawa kemul.
Padahal ing njaba hawane adem banget,angine banter lan udan deres. Irma turu
ing emper omah dewean,cahe kademen amarga ora kemulan .
Esuke ora kaya biasane,
biasane jam 4 wae Irma uwis tangi nanging dino iki mau jam 6 esuk Irma yo urung
tangi. Fika tangi lan Mbukak lawang banjur nggugah Irma.
Fika : “Heh! Wis padang iki lho! Ndang
tangi tha! Ndang ngepel-ngepel kana lho!”
Fika wis nggugah Irma nanging Irma ora tangi-tangi, setengah
wedi Fika nggugah Irma maneh.
Fika : “Heh! Tangia Ma, Irma!”
Mboso awake Irma sing maune miring dilumahake, Fika kaget
banget amarga Irma wis pucet banget.
Fika : “Ya Ampun Ma, kowe kok pucet banget
ki nyapo? Mas, Mas Riko! Renea jare......”
(Riko
teka........)
Riko : “Ana apa tha dhek kok
bengak-bengok ki?”
Fika : “Iki lho Mas, Irma ki tak gugah
ora tangi-tangi gek cahe pucet eram mas......”
Riko : “Jare demeken tangane, deoken
denyut nadine!”
Fika : (Nyekel tangane Irma) “Wis ora ana
mas denyute”
Riko : “Inalillahiwainnaillaihi
raji’un..........”
Fika : “Nyapo mas?”
Riko : “Irma wis ora ana dhek?”
Fika : “Mas ki aja guyon tha!”
Riko : “Sapa tha dhek sing guyon ki!”
Fika : “Mas ki aja ngeden-ngedeni aku
tha......”
Riko : “Aku ki tenanan dhek.......”
Tibakna tenan, apa sing diomong Riko. Irma wis ora ana. Banjur
Riko ngabari biyung lan ramane. Biyung lan ramane langsung mulih. Tangga
teparone pada teka nglayat lan nyiapake persiapan kanggo pemakamane, nanging
pemakamane ngenteni biyung lan ramane teka. Jenazahe Irma diwenehne ruang tamu
lan ditutupi jarik. Fika lan Riko ora ngrasa salah lan ora ngrasa kelangan
blas, wong 2 iku ora netesne eluh senajan mung saktetes. Fika lan Riko mung
lungguh ing andinge jenazahe Irma.
Sekitar jam 11, rama lan biyunge teka....... biyung lan ramane
langsung lungguh amor Fika lan Riko. Biyunge agek teka wis langsung nangis.
Biyunge nyeneni Fika lan Riko, nyapo adhine kok ora dijaga, padahal asline Irma
iku sayang banget karo Fika lan Riko.
Biyunge ya crita menawa biyen ki sejatine sing wuta uduk Irma
nanging Fika. Pas ing rumah sakit wektu kecelakaan pas Fika durung sadar Irma wis sadar ndisik lan
krungu kandhane dokter nek Fika wuta, Irma ora tega yen Fika ora isa ndelok
endahe ndonya iki maneh, mula Irma ikhlas nyumbangake kornea mripate kanggo
Fika. Pertamane biyung lan ramane ora setuju nanging saya suwe setuju senajan
kepeksa amarga Irma meksa-meksa pengen nulungi mbak ayune. Irma ya pesen marang
rama lan biyunge menawa kedadean iki ora oleh diceritakake menyang Fika.
Akhire Fika lan Riko sadar menawa Irma ki sayang banget marang
dulurane nanging dulure sing disayang kui malah nganggep Irma dadi babune. Fika
lan Riko getun banget. Wong 2 iku mung bisa nyeseli kabeh kelakuane marang Irma
saksuine iki. Kabeh getune Fika lan Riko saiki wis ora ana gunane, ora bakal isa
mbalikake Irma ing ndonya iki maneh, kabeh uwis kebacut.
Intine, adewe kudu bisa nyayangi kabeh dulure adewe senajan
nduweni cacat, saurunge adewe getun yen kelangan, amarga getun iku mesthi
panggonane ana ing mburi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar